Sing arep ngecet semprong apa arep ngcun motor, ngeruag bodi utawane apabae jan komplit temenan ora keri ya nambal ban arep model dobong apa model pendel apa maning nambal ban mode cuplis pokoke dejamin okelah.
Masalah mekanik jeron mesin arep model motor lawas nggewas tekan motor anyar klenyar ya teyeng, kur modal depecicili karo deuthek-uthek semending masalah beres, mbarang kurang marem arep ngango model de uwel-uwel ya uwis pengalaman tekan ngendi ora.
Peralatane komplit, jimate ampuh, sajene penuh dejamin mangkat detuntun apa degotong bali ngibrit ora keton buntute gari abune thok sing keri. Jos-ganjos ora ana sing madani nang dunya butul akherat.
Mayuh sing pada maca sing pada maksud gari pada keomentar sing penting ora nyalai aturan karo undang-undang nang kene. pada ndablong, pada nggedebus yuuuuuh MBanyumasan bae sing kondang lucu karo lugu.....