Wis ana seminggu kiye Sariwen lunga meng luar kota, dolan meng umaeh sedulure. Mbarang bali Sariwen kaget mergane nang kamare ana cawet wong wadon ning dudu duweke Sariwen.
“Bisa-bisane ana cawet wong wadon nang kamarku tapi dudu duweke inyong yah…, kiye tah bapane bocah ora beres, njaluk dikruwes-kruwes,” batin Sariwen.
Mbarang kaya kuwe Sariwen kambi kesuh-kesuh ngundang bojone.
“Bapake ngeneh inyong arep takon..,” "Dakem ngundangna bojone inyong" suarane seru.
“Ana apa sih mak, ngorong-ngorong kaya wong tembe nguntal sambel,” bojone sing jenenge Daplun marani.
“Jajal tembe ditinggal seminggu masa wis ana cawete wong wadon liya nang kamar, apamaning ditinggal setahun bisa dodolan cawet rika, hayooo kiye cawete sapa,” Sariwen ngomong kambi njembreng cawet warna pink motif kembang-kembang.
“Ya mbuh ya… ko sing nemu koh takon meng inyong,” Daplun semaur.
Olih wangsulan kaya kuwe sariwen sing esih kesuh kesuh banjur ngundang sing rewang sing aranne Dakem.
“Kem, kowe ngerti ora kiye cawette sapa, cawetmu ya..?” Sariwen ngomong kambi mendelik meng Dakem.
“Lah ibune takon cawet koh meng inyong. Sumpah busung kuwe dudu cawete inyong. Inyong mbok ora tau cawetan bu…! Nek ora ngandel gari takon baen karo bapake..!,” Dakem semaure kaya wong ora duwe dosa.